walau tidak ada yang sempurna, hidup ini indah begini adanya -

Bakul Utek Second

(Bahasa Jawa Ngapak)

Sore2 nang ndesa, Salah sijine wong ( sebut bae Kaki Blewung ) lagi juguran nang ngarep umah. Ngopi ireng karo mangan limpung anget dikancani radio lagu banyumasan sing asal njeplak tapine enak... jen nyampleng pisan. Lagi asik2e leyeh2, ana suara sing mandan ora peta. Suarane cilik nglengking kaya blibis nang wit klapa. Lah pokoke suara sing njengeli pisan, mestine pada ngerti kaya ngapa suarane..

"Utek..Utek..Adol utek second..bekas wong Landa, Amerika, Jepang, Indonesia...utek..utek.."
"Adol apa kue kang?", Kaki Blewung mandan nggentak.
"Apa rika ora krungu kawit mau nyong nyrocos nganti lambene nyong bengor...kawit mau kuwe nyong lagi tawa utek bekas. Kuping aja nggo pajangan tok ya mulane.." Kang Samidi mandan esmosi.
"Hwahahahahahaa..Esih ana ya wong model kaya rika...cilik, raine ra peta, gujis maning....apa bojone rika tatag ya karo rika..gusti..gusti...pangapura," Kaki Blewung njawab
"Angger ngomong datur rika, asal njeplak kaya parasit tok..njaluke apa rika..njaluke apa jane..", Tambah ndadi kiye emosine Samidi.
"Njaluk duit. Sabar disit kang aja pecucuan kaya kutange ninine, nyong kye ngomong bener2, ngomong apik2..Aja gela rika, wong ra gela bae raine ra karuan apa maning ger lagi petungtungan..jan ra bisa dibayangna", kaki Blewung ngomong digawe sante.

Lagune Sopsan rengeng2 diputer nang radio jan nylekamin pisan pokoke....

"Wis orahan kakehen omong kang, rika agep tuku ora kye..nyong esih padet kye jadwale, akeh meeting", Samidi ngomong.
"Hualah gayane...jen gayane..kaya iya iyaha rika..kye utek bekas regane pira jane kang." Kaki blewung mandan tertarik kye..langka2 jal ana wong adol utek.
"Utek bekase wong endi disit..regane masalaeh beda2.." Samidi mulaih action dodol.
"Sing kye pira kang?" kaki Blewung takon karo njiot salah sijine utek.
"Oh sing kue bekase wong Jepang, regane mung sejuta"
"Larang ya kang...lah angger sing miki rika mek kue regane pira..potongane uteke wong pinter kueh, gede sih uteke", Kaki Blewung takon maning.
"Angerane kue bekase wong Amerika regane 2 juta"
"Lah sih tambah larang deneng kang.." kaki Blewung mandan mulai dongkol kye regane larang2.
"Pancen padolane semono, rep dinyang maning ya sory mete" Kang Samidi njawab
"Angger sing kiye petane murah ya , deleng bae uteke potongane cilik mentik..mesti murah..pira kang angger sing kiye?" Kaki Blewung takon karo njunjung utek sing cilik.
"Angger kue kang utek bekase wong Indonengsia, regane 10 juta"
"Ninimu salto utek cilik semene regane larang..utek bekase wong Jepang be sejuta, bekase wong Amerika 2 juta, masa bekase wong Indonengsia 10 juta. Sing bener bae rika..Aja ngapusi dadi wong", Kaki Blewung wis nang ubun2 esmosine..

"Rika mikire kepriwe, angger utek bekase wong Jepang apa maning wong Amerika kue bener2 bekas. Anggerane bekase wong Indonengsia senajan cilik tapi bekasane kaya anyar, lha wong ra tau denggo ,......, Apa maning kaya rika kue, utek urung tau denggo arep nggoleti utek maning. Iya mbok? buktine rika ngenyang dagangane nyong..wis ngaku bae lah..bekasane tek tuku larang pokoke.." Samidi nyrocos ngalor-ngidul.
"Digilmu ruag...wis lunga bae nganah...wong ra nggenah, ngomong karo rika malah gawe esmosi tok..merad nganah sing adoh..gawa kue dagangane rika. Aja balik maring ngeneh maning." Kaki Blewung ngurak Kang Samidi.

Cerita di atas hanyalah humor semata, jangan dimasukan ke dalam hati. Masukan saja ke dalam sarung untuk teman si burung (aja ngeres)

inspirasine sekang Samidi Curanmor, Yes Radio Cilacap





Artikel Terkait:

1 komentar:

Anonim mengatakan...

=))
hwahahahhahaaaa...yakin kang merguyokna banget..ckakak =))